Rabu, 18 Oktober 2017

Sekarsih



Mijil Sekarsih


  Poma kaki podo dipun eling (tingkah laku harus diperhatikan)
  Ing pitutur ingong (di perkataan dan perbuatan)
  Sira uga satriya arane (bertindak yang adil)
  Kudu anteng jatmiko ing budi (harus anteng di tingkah laku)
  Ruruh sarta wasis (berpengetahuan tinggi)
  Samubarangipun (segala galanya)

https://youtu.be/Io5H-nYTwbY
https://youtu.be/oD2lGnGwgbg

================

Mijil Sekarsih


Poma kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane, Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis, Samubarangipun

Sarta nedya prawira ing batin, Nanging aja katon
Sasabana yen durung mangsane, kekendelan aja wani mingis
Weweka ing batin, Den samar den semu

Tuwin den semu lawan den lungit, Maneh wekasingong
Aja kurang hiya panrimane, yen wus tinitah dera Hyang Widhi
Ing badhan puniki, Pan wis pastinipun

Ing dadine barang tindak iki, Arang ingkang tanggon
Saking durung ono landhesane, Pan anganggo karsane pribadi
Ngawag barang kardi, Dadi tanpa dhapur

Mulane ta wekasingsun kaki, Den kerep tetakon
Aja isin ngatonken bodhone, Saking bodho witing pinter iki
Mung Nabi kekasih, Pinter tan winuruk

https://youtu.be/oXYjmQub2Rs

================





Tidak ada komentar:

Posting Komentar