Senin, 16 Oktober 2017

Gandrung Asmara


Lagu atau puisi yang ditulis oleh seseorang yang sedang jatuh cinta. Puisi tersebut dijadikan alat untuk menyampaikan perasaan cinta atau sebagai penghibur hati yang sedang kasmaran.

Gandrung Asmara

- Padmasusastra
1898


1. Dhandhanggula
1. wijiling rèh siwayèng narpati | amangripta kintaki kidungan | kinarya panglipur tyase | ring tyas dahat wibuh[1] kung | amangun kung manggung gêng wingit | kinarya samudana | sêsêndhon sastranung | manungku ring cipta maya | kamayaning kiyaming nala maluyi | miyating cahya maya ||

2. ngayam-ayam kayuning tyas wadi | sru kayungyun mangayuning karsa | ywa kasuwèn antarane | ring dayitèng purarum | rumasuking dadya sawiji | wiji-wiji ring titah | titikaning ratu | runtuting pangupakara | karananing alin-alin aywa lali | lilaning rèh sudarma ||

3. marma maras-maras ing tyas tis-tis | yèn kadurus rêrasan mrih sasar | sapira rêmak-rêmpune | sapa baya kêtêmpuh | tarlyan amung kang karya tulis | dhuh babo muga-muga | Hyang Kang Maha

--- 4 ---

Luhur | mitulungana sakarsa | supayane tulusa mêngku jro puri | siniwi pra wanita ||

4. datan ana kang bakit[2] mong cèthi | tan lyan sira kusumaning pura | kang amomot monging pangrèh | kang magunggung pangugung | karya agung tyasing wadya lit | wicaksanèng sasmita | putusing rèh ayu | mung cacade gustiningwang | durung antuk timbangan rumêksèng puri | eman yèn tan tulusa ||

5. sapa baya kailangan gusti | tan lyan amung sang atmajèng nata | kang manggung cuwa driyane | ngulatana rong windu | môngsantuka kang mirib warni | amung pêpujaningwang | ratuning rum-arum | ratu-ratuning wanita | lan ratuning lêluwês jatmikèng èstri | tur bakit momong priya ||

6. miwah dadya têtumbaling nagri | têtambane margiyuh sapraja | dhuh gusti luntura tyase | aywa kongsi katlanjur | dhuh owêlên wadyanta sami | mênawa karusakan | sapa kang kêtêmpuh | datan lyan sira lan ingwang | pangèsthining wadyanta jalu [ja...]

--- 5 ---

[...lu] lan èstri | ywa kongsi mong asmara ||

7. bisikane sang prabu ing Dêmis (umum) | apan wus umum ingkang pawarta | gustiku lumuh dasihe | punapa ta saèstu | awacana durung kawijil (ngudarasa) | apa yêkti tan arsa | marang dasihipun | braja pangapit jajaran (panurung) | nora wurung dasihe kawêlas asih | pa sayoga kelangan ||

8. langkung arda panuwuning abdi | muga ana sêsunguting karsa | dhuh gustiningsun nah anggèr | parikan jayèng ranu (baya) | sapa baya kang wêlas asih | lamun ora anaa | sabdanta kang tuhu | têmah kalong kailangan | panuwune kawulanta siyang ratri | mung muga kalakona ||

2. Kinanthi
1. mung dadia kanthiningsun | dhuh gusti rêtnaning èstri | myang Hyang Hyanging jagad traya | musthikaning wanitadi | kumalaning sanagara | dununging tyas saprajadi ||

2. panuwune dasihipun | tulusa dadia abdi | ing dunya praptèng dêlahan | lêmpuyang [lêmpu...]

--- 6 ---

[...yang] awoh balimbing (warêsah) | aywa pisah salaminya | dasihe tan pêgat asih ||

3. sabda kang durung kêwêtu (ngudarasa) | pasewakan jroning puri (srimanganti) | sun manganti karsanira | tawon gung kang tala siti (tutur) | muga luntura sihira | dhuh gusti musthikèng bumi ||

4. bumi manggung mawèh andrung | kang gêgêr kang wukir-wukir | isthane kadya yun wikan | dhaupe putra lan putri | ririse asalah môngsa | kadi-kadi asung tangis ||

5. wlas dulu sang mawèh gandrung | mêndhunge gumandhul têbih | isthane kadi angungak | têtinjo sang among kingkin | maruta ririh lampahnya | ngrês mulat sang mawiyadi ||

6. dumadi tan pêgat gandrung | yèn gusti tan sih ing dasih | wêlasana asihana | dimèn tulus andêdasih | kang kinawi jae wana (lêmpuyang) | dimèn mari poyang-paying ||

7. kahyangane Sang Hyang Wisnu (Ngutara) | sun watara sira gusti | cuwa ing tyas sawatara | labêt pugale kang abdi | dhuh-dhuh gusti ngapuraa |

--- 7 ---

sisipe ing nguni-uni ||

8. mung owêlên susahipun | kawulanta sanagari | kang rumojong ing sakarsa | supaya tulusa dadi | pangaubaning rat Jawa | ywa kongsi cuwa ing kapti ||

3. Pocung
1. titikanên adhuh gusti dasihipun | dêdimène aja | kêbanjur rudah ing kapti | pêcuk seta (kontul) tolihên kêkasihira ||

2. lamun dalu tan antuk nendra samênut | mung midêr ngudyana | non kartika tapak angin | cumalorot sun dalih asung usada ||

3. tawas pita (walirang) sêbuting atmajèng ratu (gusti) | yêkti mati ngarang | yèn gusti tan sihing dasih | kawulakna abdine praptèng pralina ||

4. lalumôngsa (kasèp) panusule magut pupuh (bantu) | dhuh-dhuh yèn kasèpa | katunan gusti ywa kongsi | iba-iba sukaning tyas kang tan rêna ||

5. wus karasa rasaning tyas kang tan sarju | juwawut salaga (pari) | parikudu sun ngèngèri | kala rêta (klabang)

--- 8 ---

mung gusti sun êbang-êbang ||

6. amisesa kabèh wêwêngkon purarum | mangajar silarja | mung sira ingsun lilani | amêmatah mêmatut mamrih paprêman ||

7. dimèn trustha ring tyas mamrih momong sunu | atmaja kang wrêdha | supadya dadia kanthi | siwayamba kang lumuntur saking sira ||

4. Mijil
1. paranbaya sukane tyas mami | mirah ingsun dhenok | katêkana ciptaningsun kiye | wus prasasat lêluhur nêdhaki | tunggu rina wêngi | nabi wali ratu ||

2. rumojonging tyas kang murih dadi | dumadia katong | katontona sukaning janmakèh | tulus mêngku pura kakung putri | iku kang kinapti | lêluhuring dangu ||

3. dandanan loro dadi sawiji | wijiku wus jumboh | nirmalèng tyas tanna sangsarane | iku ingkang sinêdyèng sanagri | dhuh-dhuh mila gusti | wêlasa riningsun ||

4. margiyuh ing wong dadi dimèni | bêbayane coplok | pakewuhe malayu tan suwe | walang ati kêplayu kêpati |

--- 9 ---

ati kang tan yukti | mati tanpa tatu ||

5. sabab dandananing praja bêcik | trahing nata karo | ibu sori tur tunggal wijile | upamane taru-taru aking | kakênaning riris (mariyêm) | tan têlangke trubus ||

6. miwah ing lata ayom ngayêmi (kapithing) | ayêm samya ngayom | têmah ngaub ing kêkayon gêdhe | woh andadi suka angundhuhi | ayêm samya linggih | nadhah muwah-muwuh ||

7. mapan iku kang sun sêdyèng kapti | aywana salah ton | gung katonton turunan runtute | atut runtung-runtung kadi mimi | lan mintuna ugi | tan sawalèng kayun ||

8. patra wisa gusti kang kinawi (kêmadhuh) | adhuh-adhuh babo | sabrangane wong Kadhiri anggèr (palabuhan) | sayêktine gusti sun labuhi | dhukuh wetan Baki (Têmulus) | tulusa wak ingsun ||

9. desa gêng-gêng saluhuring lèri (Dlawu) | yêkti raganingong | anglêlawu mring gusti wiyose | sumbêr wisma gêndhuk sun wastani (sumur) |

--- 10 ---

ulun lalu nganti | dèn kongsi saumur ||

5. Sinom
1. taru-taru kang taruna | têtêl atap tinon asri | mangkana sanepanira | kakênan tyas sanagari | suka tan walangati | lir canthuka antuk ranu | kisma bêlah kêbênan | kumpul rapêt tan kawingkis | pala kirna kasimpar sri tumaruna ||

2. makatên panuwun amba | dasih taha wêtu tangis | paranbaya kalakona | amardi mardawèng gusti | dumadi among wingit | têmah katamaning gandrung | dudur kèdêr dêdêran | drawaya waspa drês mijil | jêjimating wanita sun arsa-arsa ||

3. supaya dadia tômba | bêbaya kang bêbayani | ing praja arja silarja | jajahan wêwêngkon nagri | gambiraning tyas wus nir | tan ana sawalèng kayun | yuwana sanagara | rapêt rumêsêp andasih | sih-sinihan sasana tanna sangsaya ||

4. ngayun-ayun ngayam-ayam | kayungyun ayêm ngayomi | ayêming praja sumrambah | gung tyase dadya mênuhi | sukaning

--- 11 ---

tyas tan kingkin | wadyanta tur suka sukur | kêkêran kang kawêdhar | dhadhari anglir Hyang Rawi | byar kawuryan ing praja wimbuh raharja ||

5. anjujur ujar utama | tamaning tyas martandhani | tumanêm têmên kataman | tuman kang samya nêmêni | nirmala narambahi | ing praja jatmikanipun | kukila sato wana | suka sêngkut nadhah sami | pan kakênan prabawa sang mawèh suka ||

6. sumawana sarwa ana | kang sinandhang kang binukti | mangkono labêting suka | sukaning tyasing wadyalit | mulat arjaning nagri | miyat ingkang runtung-runtung | ontung tan ana ilang | ilang kang ngaling-alingi | mung kalulun mangalêm pangalêmbana ||

7. buwana gung kang sung urmat | kamantyan mulat sang sung sih | sirêp Sang Hyang Diwangkara | lumêbèng agraning wukir | kawistara sapalih | mangu mulat mungup-mungup | isthane kadi ngungak | anginguk kang nahên kingkin | kartika byor ambyar abyor gêbyar-gêbyar ||

8. kilat thathit kêthap-kêthap | kadya sung

--- 12 ---

sasmitèng gusti | sèn-isèn jagad sadaya | umiyat samya ngèstrèni | mring sang manggung wiyadi | kang kakênan lara gandrung | Hyang Sasôngka wus memba | tumalorong andhadhari | arsa miyat mring sang manggung mapiyoga ||

6. Maskumambang
1. anglir sarah kentir ing ranu mranani | narajang marjaya | ing jêjantung lir jinuwing | jinjanging nala kataman ||

2. amrawasa ing driya mamriha dadi | dadia tuladha | tuladhane janma wingit | dêdimèn aywa anggagar ||

3. lir puspita katamaning amalêwih | sarine tan mêgar | tangèh pêntile andadi | dumadi kênèng sangsara ||

4. saranane birating amalangkung writ | wit saking wiwitan | wiwitane tan dhinangir | dhangire ujar utama ||

5. utamane lêkêta janma kang luwih | tur luwih utama | utamèng janma dumadi | dadi unggul salaminya ||

6. narambahi ing driya awuwuh wêning | ing cipta narawang | barang kang sinêdya kêni | tur ta kang cinipta ana ||

--- 13 ---

7. kêni kabèh tan ana kang tan nêkani | nalika nênêdha | ywa pêgat raina wêngi | wênganing tyas aywa nendra ||

8. asêmua driya ywa pêgat mêmuji | pujine Huallah | dadi wruh asaling urip | uripe antuk nugraha ||

9. kanugrahan padhanging tyas ingkang wêning | kang tan kasamaran | nistha madya lan utami | mamrih anggambuh ing rahsa apa ||

7. Gambuh
1. dhuh babo aja tambuh | lamun tambuh tan wande kabubuh | imbuh-imbuh ing buwana narambahi | abot ribêd nora kêbut | bubaring cipta tan bobot ||

2. bok iya gustiningsun | wêlas-asih mring kawulanipun | supayane ywa cuwa gon ngong angabdi | dimèn awèt atêtunggu | ing praja dèn kongsi kêmpong ||

3. ywa tumpang-suh ing sêmu | de abdinta gumampang mrih têpung | mangke mumpung mêmpênge maksih taruni | pêngkuh abakuh akukuh | kêngkêng kadi kuwat gendhong ||

4. cinêndhak ing pangungrum | dhinupaka ing liring gumadhug |

--- 14 ---

kinunjara ingulat kang lêmês manis | suka sinapu ing gêlung | sinarimpung ing patêmon ||

5. sarta binêdhil susur | sinuduka ing sadak kang luhur | kang minôngka pacar wutah sêkar gambir | rah gubras gandanirarum | nora mati awèt ênom ||

6. nah anggèr jiwaningsun | ing mangke ulun sangêt margiyuh | trênyuh ing tyas kataman warta tan yukti | têmah amimbuhi gandrung | adrênging tyas nora pêdhot ||

8. Asmaradana
1. kasmaran miyarsa warti | ngêrêsing tyas sru udrasa | drawaya ngraras driyane | anaratas kadi tigas | ginagas têmah wawas | pinupus nora kapupus | pinapas nir ingkang was-was ||

2. kagagas yêkti ngênani | ing nala mulat kang mimba | wulan ping patbêlas katon | mêlok-mêlok lir nayanta | liring saengga kilat | sunaring netra akumpul | kadi lintang jêjagongan ||

3. anjingglêng kang anunggoni | sarana giyota mlampah (wêlah) | tlatèn [tlatè...]

--- 15 ---

[...n] nora sêja mulèh | mulat gêbyare kang waja | kadi barliyan sasra | manise lathi sumunu | grana èsmu malicarma ||

4. athi-athi ngudhup turi | wang malang ramping apelag | jêpiping kuwung kupinge | sogokane pêpilingan | kadi pangantèn anyar | bathuke lètèr ngênguwung | imba dawa jait trêsna ||

5. rema mêmak kêtêl wilis | sêmbada dêdêg pidêgsa | jênar gumêbyar nêcane | parigêl lamun lumampah | sêdhêp manis wacana | tur sêmbada ambêk sadu | paramarta marang wadya ||

6. ron aking kèntar ing warih (sarah) | sun sarah sakarsanira | mung satmatanên dasihe | baya dadia panancang | jênjême nala rudah | narendra kekayi sunu (brata) | dimèn mari la brônta ||[3]

7. adhuh dewa awak mami | sidhat agung mawa teja (uling) | têka akèh ling-alinge | kalangan maksa kalingan | mèh lalu ing pangantya | rarasing driya mrih laju | nora pêgat amêmuja ||

--- 16 ---

9. Mêgatruh
1. aywa pêgat gustiku turun-tumurun | aywa pisah lan kang abdi | runtung awèta têtunggu | ing purantara ri ratri | têrah-tumêrah ywa pêdhot ||

2. manjanmaa ping sakêthi ulun tumut | tan bêtah pisah lan gusti | mring endraloka tan kantun | wira-wiri nora kari | kararasing tyas kalangon ||

3. ngulatana mring pucaking gunung-gunung | myang têlênging jalanidhi | tuwin guwa-guwa samun | madyaning wana tan uning | kang mirib pêpujaningong ||

4. nadyan silih sadhasaring bantala gung | miwah saluhuring langit | mêksa durung ana tiru | wintang-wintang sun tingali | sêdhêp sêmu gustiningong ||

5. nadyan silih ing endraloka gon ayu | kahyanganing widadari | dèn ubrêsa satus taun | môngsa anaa kang mirib | lan sira woding tyas ingong ||

6. yèn anaa nanging kiraning tyas ingsun | maksih kalah anjêkining | gandês luwês amor èsmu | sêdhêp sumèh mêrak ati | gapyak-gapyuk [ga...]

--- 17 ---

[...pyak-gapyuk] kapinujon ||

7. dhasar dhèmês luwês pamicara patut | tuman ingkang ngajak linggih | dèn kongsia pitung dalu | lalu ngalah nora ngalih | malah-malah akêkepon ||

8. tinundhunga ping rolikur nora mundur | dêdêr kadêrêng dêdasih | dêdukaa sabên dalu | dadi têtumbaling kingkin | suka kulina kemawon ||

9. eman-eman manawa ginondhol sêmut | dhuh-dhuh gustiku pribadi | ajana wong milu-milu | sun dhewe kang ngamulèni | ing dunya praptanirèng don ||

10. Mijil
1. wus katêkan ciptaning tyas muni | sang narendra anom | nanging wimbuh margiyuh driyane | amalatkung manggung gêng wiyadi | darunaning kingkin | sang durung panuju ||

2. jujuling driya ngayêm-ayêmi | kayun mrih patêmon | manuhara marwaya wiyose | wahyaning kang juwita maluyi | yitnèng ôngga tis-tis | titika mèh lalu ||

3. patarendra (dhampar) pêparabing èstri (wadon) | paran [para...]

--- 18 ---

[...n] wêkasing don | kang toh pita sumrambah nganggane (panu) | lagi ana panujuning ati | ron lêsah ing siti (uwuh) | ewuh marganipun ||

4. pusakane Sang Pandhu putraji (kalima usada) | adhuh raganingong | sapa bisa ngusadèng wirage | de abdinta tambah gêng wiyadi | darunaning kingkin | kabubuh mong gandrung ||

5. adrênging tyas tan nêdya gumingsir | dèn atêmah nglamong | wus sinêdya wiwit saking lare | praptèng mangke jumênêng narpati | ing tyas tan kagimir | tan cipta lyanipun ||

6. dhuh gustiku kang manggung tan mijil | wêlasa wak ingong | madêg nata pan manggung sasêle | sapa yogane ingkang siniwi | pra kênya jro puni[4] | dhuh sang pindha madu ||

7. eman lamun tan milyamong mukti | ing dunya praptèng don | dhuh ta apa kang winalêsake | mring jêng rama ingkang wus suwargi | sinungan kamuktin | bok ayu tan tumut ||

8. tiwas têmên raganingsun iki | yèn tan bisa jumboh | dhuh bok ayu wêlasa [wêla...]

--- 19 ---

[...sa] arine | aywa lami tan adarbe swami | wigênèng tyas wingit | ngusadani gandrung ||

9. dêstun têmên duwe ri narpati | nora bisa momong | ngêmong lair tumêkèng batine | dhuh tatanên kawula jro puri | arinta mung darmi | ngrabasèng jinêm rum ||

11. Asmaradana
1. kacaryaning tyas narpati | mulat sênêning gupita | ing langên adi rênggane | winangun kinôntha-kôntha | muwah ingkang wanita | naracak nom ayu-ayu | endah rinênggèng busana ||

2. mila ing mangke sang aji | asring umentaring kana | asrêping tyas lir sinarwe | mring sang manggung nora mêdal | iba ta sinapaa | mring sang pêpujan sang prabu | wimbuh kawuryaning driya ||

3. iba ta wisa ginati | wimbuh ing tyas lir kinudang | darsanèng utamaning rèh | rèh makirtya mamrih dadya | dadyaning kautaman | utamaning tama ayu | ayuning kang mardikèngrat ||

4. rat makirtya mamrih dadi | tuladaning janmotama | tuman [tu...]

--- 20 ---

[...man] ingkang samya mamrèh | mrih utamaning utama | tumaning driya tama | tumanêming tyas sawêgung | gung kinudang ing sapraja ||

5. juwawut sêlaga gusti (pari) | parikudu mamrih panggya | mring sang kumalaning wadon | dêdêling driya kadyenggal | ywa kongsi ganti warsa | sêlak nora bêtah ingsun | lami nora darbe garwa ||

6. garwa Kelaswara siwi (Kadarwati) | kadar apa wong adhudha | glindhang-glindhung turu dhewe | walangati nora suka | susah sadina-dina | nora antuk mangan turu | mung gusti ingkang kacipta ||

7. kadêrêng adrêng mrih dadi | têtimbangan sang juwita | têkèng salawas-lawase | ywa pêgat praptèng kimayat[5] | arinta ngèstupada | dhuh ta gustiku bok ayu | sihana arinta nata ||

1. wimbuh. 
2. bangkit (dan di tempat lain). 
3. Kurang satu suku kata: dimèn mari lara brônta. 
4. puri. 
5. kiyamat. 


Copyright © 2017 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar