Senin, 16 Oktober 2017

Prayasmara


Prayasmara

- Pigeaud
1953


1. Dhandhanggula


1. pisang lêsah Sang Rajèng Kubarsi | sabên dalu datan antuk nendra | gunting wohan swarèng bêndhe | kacipta mung sirèku | garwa Prabu Malawapati | sêtyanana ngawula | pambagening etung | parane amung sakêdhap | suling dara wana lit turut ing têpi | yèn nyawang tarataban ||

2. gayung sumur wêlut ing wanadri |

--- 4 : 67 ---

tambanana intên brônta kula | rotan buntal tan ginawe | tingalana mas ingsun | putri adi nagri Kubarsi | sakadare kewala | salumpringing pantun | lamine wanuh lan sira | suku palwa kang arta ciri turanggi | katon sasolahira ||

3. sukêt galêng rinumpaka gusti | kang baita kandhêg ing samodra | rontang-ranting têmahane | abdinya nêdya labuh | mring kusuma kang asung branti | blimbing mindha widara | carême dumunung | wismèng pêpujan ngulama | raosing tyas dhuh gusti kadya rinujit | kang ketang amung sira ||


Copyright © 2017 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.


Deskripsi perasaan seorang pria yang tengah jatuh hati kepada wanita, antara lain: apabila berjumpa selalu berdebar-debar (yèn nyawang tarataban), tindak-tanduknya selalu terbayang di penglihatan (katon sasolahira).

===============

prayasmara = praya + asmara

praya 

niyat, sêdya, karêp
budi, karsa, manah, sorot, karêm
pikir, karêp, ati

asmara

sêngsêm, sih trêsna; nyidra
ndhêmêni
onêng, hyun, hayun, nang, rimang, mangê
sêngsêm, sêdhih, brôngta
sêngsêm, sih-trêsna
andon-asmara: lulut, rêsmi, sih-sinihan (sanggama)
asmaralaya: suwarga
asmaragama: sêngsêming sanggama



Tidak ada komentar:

Posting Komentar